Gusti, manawa anggonku ngibadah
mung karana wedi geni neraka
leburen aku ing genine jahanam
Manawa anggonku ngibadah
mung merga ngarep-arep enake swarga
enggal doh-na sing adoh saka sekabehane
Nanging, manawa aku ngibadah
krana sih tresnaku marang PanjenenganMu
Gusti, aja Panjenengan aling-alingi nggonku kepengin
ndeleng Kaendahan-Mu
Tresna utawa katresnan ora mung lumaku antarane manungsa lanang wadon kaya kang umum kanggo para mudha-mudhi, utawa wong bebrayan lanang wadon, antarane wong tuwa marang anak utawa suwalike, lan liya-liyane kaya kang asring diprangguli ing bebrayan. Ing tataran panembah, “tresna” mau lumaku antarane titah lan kang nitahake, manungsa lan Pengerane. Lan “tresna” sing iki mujudake tresna kang pribadi banget. Jalaran kang weruh iku ya ing pribadi kita dhewe.
Gegambaran tresna mau, minangka conto kaya kang rinumpaka ing syair utawa guritan ing dhuwur kasebut. Guritan iku mujudake jarwan bebas saka puisi karyane Rabi’ah Al Adawiyyah (? - 185 Hijrah), sawijining ahli tasawuf wanita kelairan Basrah, Irak. Jeneng asline Ummu ‘l Khayr Rabi’ah binti Isma’il al-Adawiyyah al-Qisiyyah.
Merga dheweke bisa ngresepi lan bisa “nikmati” pait getire panguripan kang nate dilakoni, wiwit nalika didadekake budhak kang uripe kesurang-surang, nganti nuwuhake krenteg kesufianne kanthi tema-tema “katresnan” marang Kang Murbeng Urip iku, dheweke njur bisa ngripta ukara kang endah banget, patut diresepi.. Lumantar syair-syair mau dheweke nyilemi lan nandukake maknane tresna kang luwih jeru. Luwih adoh tebane katimbang pangerten sing mung wantah kaya kang nate kita prangguli.
Ing kene ora kepengin ngonceki ngenani ngelmu tasawuf, nanging nyoba urun nyurasa ukara gegayutan karo rasa “tresna” utawa “katresnan”. Ing pangerti kang luwih nduweni makna religius ora bisa pinisahake klawan pengorbanan lan keiklasan. Katresnan utawa tresna uga ngandhut pangerti “iklas”. Ing babagan manembah kaya syaire Rabiah ing dhuwur mau disurasa: ora merga pamrih kepengin antuk swarga lan wedi neraka. Iki uga wujude pemut, manembah mono kudu kanthi “iklas”, lepas saka sakehing “pamrih kadonyan”, lan tujuane manembah mau amung siji, “krana mung rasa tresna marang Gusti kang Murbeng Gesang”.
Yen tataran gegayuhan lan manembah mono pepindhane wit kang dhuwur. Saya dhuwur pucuking wit uga saya dhuwur kena gempurane angin. Saya dhuwur tataraning panembah saya dhuwur godhane. Kari kuwat apa ora. Yen ing carita wayang, akeh banget kang bisa tinuladha gegayutan karo perkara godha lan tresna. Begawan Wisrawa, sawijining pandhita kang wis dianggep putus saka sakehing kawruh, jebul bisa kepleset merga panggodhane Dewi Sukesi (minangka simbule tresna lan nafsu kadonyan).
Kadidene begawan, kaya ing pangerti wantah wis kena dipesthekake wis manggon ing tataran tahan godha. Ning ing crita iki digambarake Sang Begawan ing kahanan “dilematis”(mbingungake). Sawise kasil mupu sayembara apa kang dipikirake Begawan Wisrawa dadi seje; pilih “sedyane sing sakawit” nggolekake garwa kanggo putrane, apa “kanggo awake dhewe“? Pungkasane Sang Begawan kang wis putus saka sakehing kawruh iku “ora kuwat godha” nalika wanita ayu kang aran Dewi Sukesi nyungkemi padane lan masrahake jiwa ragane.
Lha saumpama cak-cakan mau tumiba ing ing jaman modheren kaya saiki, njur awake dhewe nemoni kedadeyan kaya mangkono, apa ya kuwat karo godha mau? Kamangka godhane luwih akeh, bisa nlusup liwat internet, VCD, lan liya-liyane. Coba dipenggalih!
Nanging, yen pancen nduweni “tresna” kang temen-temen marang Pengerane mesthi bisa meper hawa napsu. Bisa mbedakake endi sing salah endi sing bener. Rabiah, sang penulis syair iku wis mbuktekake kencenge penembahe mung marang Gusti Allah dheweke pasrah sumarah. Surasane syaire uga terus ngumandhang, irip empere kaya kang asring di rungu dadi puji-pujian ing langgar lan masjid sadurunge nindakake shalat jamaah: dhuh pengeran kula sanes ahli suwarga / nanging kula mboten kiyat wonten neraka / mugi pengeran kersa nampi tobat kula / merga Pengeran Dzat kang Agung pangapura, / wedhi kathah umpamane dosa kula / mugi Pengeran nampi tobat dosa kula / umur kula saben dinten dipun suda /kados pundi saya kathah dosa kula........
Q Ki Jaladara (Widodo Basuki)
Naskah iki nate dimuat ing rubrik “Olah Rasa ” Majalah Jayabaya
Rabu, 21 Januari 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar