Rabu, 21 Januari 2009

biodata widodo basuki

Lair ing Trenggalek, 18 Juli 1967, saliyane dikenal kadidene penggurit (penyair) sarjana pendidikan seni rupa iki makarya wartawan/redaktur majalah Jaya Baya wiwit 1993 nganti saiki. Aktif ing kegiatan Bengkel Muda Surabaya (BMS), nate dipercaya dadi Ketua Komite Sastra, Dewan Kesenian Surabaya (DKS) periode 1998-2003.
Taun 1999 diundang Dewan Kesenian Jakarta (DKJ) maca kumpulan guritane: Layang Saka Tlatah Wetan (1999). Taun 2001, pemakalah makili Jawa Timur ing Kongres Bahasa Jawa (KBJ) III Yogyakarta lan KBJ IV Semarang (2006), uga tau mlebu Tim Penterjemah: Serat Babad Madura.
Karya ing antologi pribadi antara liya: Gurit Panantang (1993), Layang Saka Tlatah Wetan (1999), Kitir Tengah Wengi (2001), lan sawetara kumpulan fotocopyan lan naskah drama. Buku karyane: Layang Saka Paran (1999) diterbitake Media Gambar, buku cerita anak-anak , Menak Sopal dan Buaya Putih (penerbit PT Citra Jaya 1997), Kumpulan Geguritan Medhitasi Alang-Alang (2004).
Karyane ing antologi bebarengan: Ayang-Ayang Wewayangan (PPSJS, 1992), Pisungsung (Forum Kajian Kebudayaan Surabaya, 1995), Drona Gugat (1995), Negeri Bayang-Bayang (Festival Seni Surabaya, 1996) Tes… (Taman Budaya Jawa Timur, 1997), Luka Waktu (Taman Budaya Jawa Timur, 1998) Wulan Sedhuwuring Geni (Yayasan Obor, Jakarta, 1999), Liong, Tembang Prapatan (Taman Budaya Yogyakarta, 1999), Gerimis Lembayung (Sanggar Seni Petrokimia Gresik, 2001), Kabar Saka Bendulmrisi ( PPSJS, 2001), Bandha Warisan, Antologi Dongeng Jawa (SSJY-LKBS, 2001), Bandha Pusaka, antologi Crita Cekak,(SSJY-LKBS, 2001) lan Tanpa Mripat (Sanggar Pecanthingan, 2004), Ibu (Bengkel Muda Surabaya, 2006). Saliyane iku uga tulisan crita cekak (cerita pendek), artikel, esay lan liya-liyane dimuat ing majalah Jayabaya Panjebar Semangat, Surabaya Post, Surabaya News, Jawa Pos, lan sawetara buletin.
Nate antuk penghargaan: 1) Kumpulan guritan “Layang Saka Paran” antuk hadhiah “Sastra Rancage” taun 2000, 2) Peghargaan Seniman Jawa Timur 2004, 3) “Guritan Pari Sawuli” Juara I Naskah Guritan, Depdikbud Jawa Timur, 1996. 4) “Cak Dul lan Maimanah “, Harapan II lomba Crita Cekak SSJY, 1998. 5) “Supinah” katut 10 crita cekak pilihan, Taman Budaya Yogyakarta, 1999. 6) “Njaga Banyune Sendhang" Juara I Naskah Dongeng Tingkat Nasional kang diadani Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta (SSJY) dan Lembaga Kajian Budaya Surakarta (LKBS) 2002. 7) “Kudhi Bujel" Juara Harapan I Naskah Crita Cekak, SSJY-LKBS, 2002. Lan tulisan jurnalistike judhul "Lumantar Koperasi, Ndadekake Wong Cilik Bisa Gumuyu" Juara I Jurnalistik Perkoperasian, Departemen Koperasi - Deppen Jawa Timur, 1993. Taun 2008 antuk juara I Jurnalistik Pariwisata Jawa Timur.
Manggon ing Sukolegok, RT 13/ RW 05, Desa Suko, Kec. Sukodono, Kab. Sidoarjo. Omah-omah karo Dra. Sri Sulistiani MPd patutan putra loro: Abhimata Zuhra Pramudita lan Gupita Zahra Laksmi Mahardhika.

Tidak ada komentar: